Seksi

31 10 2006

Soré kuwi, kaya adat saben, aku thenguk-thenguk nèng bangku ngarpan kos-kosan. Udad-udud sinambi nyruput kopi pait sawisé lungguh ngalamun nèng ngarep komputer saawan. Sigid metu saka kamare. Dheweké uga saawan neng ngarep komputer, mung ora ngalamun, nanging ngrampungaké anggoné ngolah gambar kang dijupuk saka satelit. Wangun tenan, béda karo aku. Sigid uga banjur gawé kopi, lungguh ing jèjèrku lan nyumet ududé.

Ora sawetara, salah sawijining kenya - aku ora nganggo tembung prawan, lha wong aku wedi kléru, kenya waé- kang manggon ana kos ngarep mbukak lawang omah lan mlaku metu, banjur mlaku ngidul. Kenya mau rambuté sageger, awaké ora bisa disebut singset, nanging ora lemu, mung kekel.

Aku ngomong marang Sigid, “Gid, Ningrum (dudu jeneng sabeneré) kaé susuné gedhé ya, tur bokonge bunder!”

Sigid banjur nyawang aku semu kagèt kang digawé-gawé, amarga sakjané dhèwèké uga ngèntèni aku miwiti jagongan ngayawara iki, “Wegah aku nek ngéné ki. Isih soré wis rusuh omongané.”

“Lho, rusuh piyé to? Aku rak mung nggambarké awaké to? Tur ya omonganku bener.”

“Ora rusuh piyé, nek wongé krungu piye? Kuwi bisa diarani pelecehan. Mbok sing rada tata sithik omongé: Ningrum kaé seksi, apa liyané.”

“Lha luwih sopan endi, aku ngomong Ningrum kaé seksi utawa Ningrum kaé susuné gedhé tur bokonge bunder?”

“Ya jelas luwih sopan seksi to.”

“Ya ora!” Aku ora gelem kalah.

“Kok bisa?”

“Ngéné lho Gid, menawa aku ngomong cewek kaé susuné gedhé lan bokongé bunder, kuwi mung mligi nggambaraké kahanan. Utawa istilahé deskripsi. Tanpa ana kekarepan liya. Aku mung nggambaraké kahanan sing dak delok, sing pancen endah mau, marang kowé.” Sigid wis arep nanggapi, nanging aku wegah mandheg, “Ning, menawa aku ngomong seksi, kuwi wis ngemu surasa kang béda. Iya wong-wong jaman saiki mesthi nganggep luwih sopan, nanging ora miturut aku. Saiki seksi kuwi rak saka tembung Basa Inggris, sexy, nganggo x karo y. Lha nèk diteruské, tembung sexy kuwi mau asalé saka tembung apa?”

“Ya jelas seka sex to.”

“Bener, sex. Iku rak tegesé nalika kowé ngarani wong wadon seksi, sakjané ana surasa liya ing samburiné. Menawa wong wadon mau duwé daya tarik seksual marang kowé lan kowe ketarik lan nduwèni pepinginan sing mbok pendhem marang dhèwèké.”

            Aku nyruput kopiku banjur nerusaké, “Saiki endi sing luwih sopan, tembung sing nggambaraké kahanan apa anané utawa tembung kang ngemu surasa ing mburiné?”

“Ya ora mesthi, ngomong seksi kuwi durung mesthi péngin nglakoni sex karo wong sing diomongké,” kandhané Sigid. Dhèwèké meneng sedhela, banjur mbacutaké omongane sawisé nyerot ududé, “Ning rak sing ngrungokké ora mikir kaya kowé to? Kanggoné sing ngrungokké tetep ‘kowe seksi‘ luwih sopan timbangané susuné gedhé tur bokongé bunder. Senajan tak akoni, pancèn Nia mau susune gedhé lan bokongé bunder tenanan.”

“Saiki ngéné Gid, menawa ana wong lanang kang keker, ototé rada methekol, wetengé sixpack, kowé mesthi milih ngarani ‘masé kaé methékol’, iki deskripsi, lan dudu ‘masé kaé seksi’ to?” Aku semaur, tetep ora gelem kalah, “Kanggoku tetep seksi ora luwih sopan dibandhingké karo deskripsi, sing murni mung nggambaraké kahanan. Susuné gedhé munjung tur bokongé bunder tetep luwih sopan.”

“Lho, malah nganggo munjung barang,” Sigid ngguyu kel-kelan. Dhèwèké wis ngerti menawa aku wiwit ngèyèl lan waton sulaya kaya adat saben. “Nek dipikir-pikir kowe ki bener, ning wong-wong sing ngrungokké kuwi mikiré ora kaya kowé.”

“Lha iya, sing klèru kuwi sing ngrungokké, wong gedhé, munjung, bunder, kok dianggep ra sopan. Seksi, rak wis jelas rusuh to?” Aku isih ngethuprus ngudarasa, karo nyerot ududku.

Sigid mung meneng waé, klepas-klepus udud, lan nyruput kopiné. Ora semaur, sajaké mikirké anggoné kudu énggal ngrampungaké ngolah gambar saka satelit. Déné aku isih ngalamun, ngalamunké menawa mengko bengi aku bakal ngalamun menèh nèng ngarep komputerku.





Ndhasatos

27 10 2006

    Ndhasatos. Tetembungan iki ora sengaja diucapke dening Arson udakara rong taun kepungkur. Aku lali wektu iku aku lagi ngrembug babagan apa karo dhèwèké. Ndhasatos, singkatan saka endhasmu atos! Tetembungan kang kalebu pisuhan iki wis suwé ora dak rungu. Wong kang ndhasé atos uga diarai wong kang ndableg utawa ngèyèlan. Angèl kandhanané. Senajan pisuhan, menawa dak gagas kanthi temen, tetembungan iki ngemu teges kang jero. Pisuhan kuwi lumrahé ditujokaké marang wong kang ndableg, marang wong kan ora gelem nampa gagasane liyan. Nggugu karepé dhéwé, tansah ngugemi panemuné dhéwé, lan ora gelem ngalah.

    Miturut ukuran umum, iku watak kang ora becik lan bisa dadi sumbering crah lan sulaya. Nanging mungguhing aku, ngugemi panemuku dhéwé kuwi dadi sarat aku bisa srawung tanpa dadi wong kang mung anut grubyuk, rubuh-rubuh gedhang. Supaya bisa dadi wong kang dhiwasa lan merdhika, aku kudu ngugemi panemuku dhéwé. Nanging iki banjur ora ateges aku ora gelem nampa panemune liyan. Pikiran lan budi kudu tetep tinarbuka marang panemuné liyan. Tinarbuka ora banjur nampa apa anané, nanging gagasan mau dijumbuhake karo panemuku dhéwé.

    Pancén angél ditampa. Lha kok wong ndableg, ndhasé atos kok duwé pikiran kang tinarbuka. Rada ora ketemu nalar kuwi. Lha ya rasah dipikir, wis genah ndableg kuwi ora adoh saka waton sulaya, kok isih dipikir ketemu nalar apa orané.





Pambuka

27 10 2006

Wis suwé anggonku nduwèni pepénginan iki. Panggonan kanggo nuliské apa kang dak pikirké, gagasanku, lan apa waé kang kumlébat ing sajroning budiku. Aku wis tau nyoba, nanging ora dak bacutké.Mandhég ing dalan, malah bisa diarani mandheg in régol nalika aku lagi arep miwiti lakuku.

Aku tansah nduweni pikiran mènawa kapan-kapan bisa dak bacutké. Menawa aku wis duwé wektu. Duwé niyat. Nanging kabèh mau ora tau mawujud. Menawa aku duwé wektu, aku rumangsa wektu kuwi niyatku lagi ora ana. Semono uga kosok balèné, nalika aku duwé niyat, aku ora duwé wektu.

Sejatiné aku dhéwé wis ngrumangsani menawa iki dudu perkara wektu, nanging iki bisa digolongaké lelara sing dak tandhang kawit biyen. Lelara kesèd lan memengan. Ora duwé niyat, ora gelem mburu apa sing dak péngini, ora gélém ngupaya kanthi témén. Apa iki amarga aku wong kang nrima lan prasaja? Iya bénér! Mangkono anggonku tansah nglipur atiku, nyélaki watakku sing késéd lan ora gélém mburu apa kang dadi pépinginanku nganggo topéng nrima lan prasaja.

Pancèn aku képingin urip nrima lan prasaja, nanging kuwi kuduné ora olèh dadi alasan kanggo tansah ngipuk-ipuk watakku sing pancèn angèl diajak maju. Ora susah adoh-adoh, ora susah ngéling-ngéling perkara-perkara sing wis suwé. Nèng senthong iki waé akèh buktiné. Buku-buku sing durung dak waca, sing rampung durung dak waca, lan sing mung dak waca saktléraman. Menawa aku gelem mundur luwih adoh, buktiné tansaya akèh lan sansaya terwaca. Anggonku ngrampungaké pasinaon kang telat rong taun, gegayuhan-gegayuhan kang mung mandheg ing tetembungan, lan sing paling ngganggu pikirku, wis ora kepétung menèh anggonku ngucapaké, ing tetembungan utawa ing batin, niyat kanggo nata uripku.

Nanging sing wis kelakon, aku tansah nglalèkaké lan mblenjani apa sing dak ucapaké mau. Aku tansah ndhelik ing pikiran menawa aku kudu pasrah nglakoni uripku, kaya banyu mili. Aku ora tau gelem nggagas menawa banyu kang mili waé, tansah golèk dalan nalika dalané dipepeti. Malah menawa ora ana dalan liya, banyu mau tansah terus ngupaya supaya bisaa liwat, nganti padhas waé bakal kekikis, tanggul-tanggul lan bendungan kajebol.

Yèn dak timbang-timbang, aku kudu ora akèh nimbang-nimbang menèh. Aku kudu miwiti!